Solo CFD
Dodo Alfayedh
SELAMAT DATANG DI DODOALFAYEDH BLOGG
Rabu, 08 Februari 2012
Geguritan X TP 3
Ibu
Ibu, tresnaku gedhe karo kowe
ngandhung aku sangang sasi sepuluh dina lawase
tenpa ngeluh
tetep sabar ngadhepi
ibu, aku kudu hormat marang kowe
kowe ngurus aku saka cilik tekan gedhe
tanpa nyerah nggedheke awaku
matur nuwun ibu
Dening Muhammad Heri Budi Kusuma/ X Tp 3
SMK Muhammadiyah 3 Yogyakarta
Tak Tunggu Tresnamu
Nangiso sedini ping pitu
yen kuwi wis dadi keputusanmu
aku ora bakal nggondheli
yen kowe ninggalke awakku
aku wis lila ngikhlaske awakmu
senajan dada iki kerasa seseg ngampet laraning ati
aku ra kuasa nggondheli sliramu
sing tak jaluk amung jujuring atimu
Senajan adoh papanmu neng kono
jenengmu tansah gumantil ing ati
apa pancen kowe wis tega ninggalke aku
ninggalke tresna iki kang kebak kenangan
yen iki wis pesthine awaku
pacobaning tresnaku
aku mung bisa sabar lan narima
narima pesthening Gusti
Dening Roni Yudha P/ X tp 3
SMK Muhammadiyah 3 Yogyakarta
Endhahing Alam
Saben isuk ana manuk podho muni
srengenge manasi hawa kang adem
sesuketan neng jobo omah kena embun
iki kang gawe awakku tansah seneng
dina iki sesok lan sakteruse
yen iso ngomong
suket-suket arep tak jak ngomong
ora ganti suwe, srengenge wis mumbul ing dhuwur
wong-wong wis podho nindake lelakoning urip
Dening Oky Chailendra/ X Tp 3
SMK Muhammadiyah 3 Yogyakarta
Ibu
Sliramu agawe luluhing atiku
esuk, awan, bengi tansah gawe guyu
gawe tambah rukuning kulawarga
ibu tansah paring wewarah
wewarah supaya tumindak prayoga
Ibu, nyambut damel abot kok lakoni
kanggo nyukupi kebutuhaning keluawarga
umurmu kang mudhak tuwa
mundhak sedhela uripmu ing donya
wewarahmu tansah nepak neng ati
perjuanganmu uga tansah gumantung ing ati
kanggo gayuh kamulyan
katresnanmu kang ginowo
ginowa ing alam swarga
Dening Fajar Rahmat Rianto/ X Tp 3
SMK Muhammadiyah 3 Yogyakarta
Katresnan
Jare ibuku tresna iku bisa gawe lara ati
sing dirasa yen lagi nandhang katresnan
amung seneng
donya kuwi kaya duweke wong loro
ora mikir yen kuwi dalane neraka
sing dirasake mung rasa seneng
Dening Wilmar Ruchi DT/ X Tp 3
SMK Muhammadiyah 3 Yogyakarta
Ibu Pepadhanging Ati
Boten wonten tiyang kang saged ngantosaken Ibu
Tresnamu tulus lan suci boten wonten kang nandhingi
boten wonten kang saged gantekaken ibu
sujud dukurku marang Gusthi Allah
ingkang pasring rahmat
rahmat kang awujud katresnanipun ibu
senajan diganti dhuwit lan emas
segere ASI kang ibu sukani, ora ana sing nandhingi
kasih lan sayangmu boten saged telas dumugi pati
Dening Heru Saryanto/ X Tp 3
SMK Muhammadiyah 3 Yogyakarta
Geguritan X TP 3
Tresna Ora Dipikir
Nangisa sedino ping pitu
yen kuwi wis dadi keputusanmu
aku ora bisa nggondheli
yen pancen kowe wis lali
Aku nelangsa merga kebacut tresna
ora ngiro saiki kowe cidro
janjimu pancen lamis
uga lambemu kang tipis
Kapan kowe bisa ngerti
rasa ing jero ati iki
aku kepengen ketemu
nanging aku mung bisa mlayu
Dening : Romi Jatmiko
X Tp 3
SMK Muhammadiyah 3 Yogyakarta
Geguritan
Ojo Lunga
Durung lega rasa jroning dhadha
durng mati rasane kangenku
mung ketemu sak kedhepan mata
durung mari rasa kangenku
Ojo...........ojo..........ojo lunga ninggal aku maneh
yen lunga gawa sisan atiku
bola-bali wis tak laleke
malah tansaya eling awakmu
Dening: ravi Tristanto
Kelas : X Tp 3
SMK Muhammadiyah 3 Yogyakarta
Selasa, 24 Januari 2012
Anoman
ANOMAN
Anoman menika putranipun Dewi Anjani ingkang awujud wanara wanita. Anjani menika putri saking Resi Gotama ingkang kenging kutukan dados wanara. Saking dhawuhipun ingkang rama, Anjani banjur tapa wuda wonten ing telaga Mandirda. Ing salah sawijining dinten, Bathara Guru kalian Bathara Narada mesat ngliwati akasa. Nalika sumerep Dewi Anjani ingkang saweg tapa wuda, Bathara guru banjur ngedalaken mani. Raja ing kahyangan menika banjur ngelap ngangge sinom (godhong asem) lajeng sinom menika kendhang wonten ing telaga. Godhong sinom wau dhawah wonten ing pangkuanipun Dewi Anjani lajeng dipundhahar, saknalika Dewi Anjani dados ngandut. Nalika wancinipun mbabaraken Dewi Anjani dipunbiayntu kalian para widadari saking kahyangan. Anjani nglairaken bayi ingkang awujud wanara putih lan dipunasmani Anoman. Saknalika Anjani ganti wujud malih dados widadari lan kondur wonten ing kahyangan.
Nalika badhe nyerang Alengka, Anoman tumuju dhateng negri Alengka piyambakan kangge pados informasi kekuwatan saking negri Alengka saha kangge ningali kahananipun Dewi Shinta ingkang sweg dipunculik. Wonten ing Alengka, Anoman kecekel kaliyan prajurit Alengka lajeng dipunukum obong. Nanging sakwalikipun, Anoman malah ingkang mbakar separo Alengka. Kedadosan menika lajeng dipunkenal kanthi asma Anoman obong. Saksampunipun Anoman kondhur dhateng panggenanipun Rama, prajurit wanara banjur nyerang negri Alengka. Wonten ing perang menika Anoman dados satriya ingkang kathah newasaken musuh kalebet Sarpakenaka, rayinipun Rahwana.
Wonten ing perang menika, Rama nandhang susah amargi Rama dereng saged ngalahaken Rahwana. Rahwana gadhah aji Pancasona, dados nalika Rahwana kalah, tewas rahwana gesang malih. Lajeng Wibisana rayinipun Rahwana ingkang mbela Rama ndhawuhi Anoman supados mbantu Rama. Saknalika Anoman ngurug Rahwana ngangge wukir lajeng Rahwana pejah.
Kapethik saking: http://map-bms.wikipedia.org/wiki/Anoman
Kanthi owah-owahan sakwetawis
Langganan:
Postingan (Atom)