ANOMAN
Anoman menika putranipun Dewi Anjani ingkang awujud wanara wanita. Anjani menika putri saking Resi Gotama ingkang kenging kutukan dados wanara. Saking dhawuhipun ingkang rama, Anjani banjur tapa wuda wonten ing telaga Mandirda. Ing salah sawijining dinten, Bathara Guru kalian Bathara Narada mesat ngliwati akasa. Nalika sumerep Dewi Anjani ingkang saweg tapa wuda, Bathara guru banjur ngedalaken mani. Raja ing kahyangan menika banjur ngelap ngangge sinom (godhong asem) lajeng sinom menika kendhang wonten ing telaga. Godhong sinom wau dhawah wonten ing pangkuanipun Dewi Anjani lajeng dipundhahar, saknalika Dewi Anjani dados ngandut. Nalika wancinipun mbabaraken Dewi Anjani dipunbiayntu kalian para widadari saking kahyangan. Anjani nglairaken bayi ingkang awujud wanara putih lan dipunasmani Anoman. Saknalika Anjani ganti wujud malih dados widadari lan kondur wonten ing kahyangan.
Nalika badhe nyerang Alengka, Anoman tumuju dhateng negri Alengka piyambakan kangge pados informasi kekuwatan saking negri Alengka saha kangge ningali kahananipun Dewi Shinta ingkang sweg dipunculik. Wonten ing Alengka, Anoman kecekel kaliyan prajurit Alengka lajeng dipunukum obong. Nanging sakwalikipun, Anoman malah ingkang mbakar separo Alengka. Kedadosan menika lajeng dipunkenal kanthi asma Anoman obong. Saksampunipun Anoman kondhur dhateng panggenanipun Rama, prajurit wanara banjur nyerang negri Alengka. Wonten ing perang menika Anoman dados satriya ingkang kathah newasaken musuh kalebet Sarpakenaka, rayinipun Rahwana.
Wonten ing perang menika, Rama nandhang susah amargi Rama dereng saged ngalahaken Rahwana. Rahwana gadhah aji Pancasona, dados nalika Rahwana kalah, tewas rahwana gesang malih. Lajeng Wibisana rayinipun Rahwana ingkang mbela Rama ndhawuhi Anoman supados mbantu Rama. Saknalika Anoman ngurug Rahwana ngangge wukir lajeng Rahwana pejah.
Kapethik saking: http://map-bms.wikipedia.org/wiki/Anoman
Kanthi owah-owahan sakwetawis
Tidak ada komentar:
Posting Komentar