Minggu, 30 Oktober 2011

Materi Macapat

Macapat

Macapat inggih menika salah satunggaling sekar alit ingkang gumathuk kaliyan aturanipun inggih menika guru gatra, guru wilangan saha guru lagu.
- Guru gatra inggih menika cacahing laring saben setunggal pada (bait).
- Guru wilangan inggih menika cacahing wanda (suku kata) saben setunggal gatra.
- Guru lagu inggih menika tibaning swara ing pungkasaneing gatra.
Jinising sekar macapat wonten sewelas lan sekar macapat menika nggambaraken lelampahaning manungsa wiwit wonten padharanipun ibu dumui wonten ing kuburan. 
  1. Maskumambang, menika nggambaraken nalika manungsa taksih wonten ing padharanipun ibu.  12i, 6a, 8i, 8a
  2. Mijil, menika nggambaraken nalik manungsa lair wonten ing dunya. 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u
  3. Sinom, menika nggambaraken nalika manungsa taksih muda (nom).8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
  4. Kinanthi, menika nggambaraken nalika manungsa mbetahaken bimbingan (kanthi). 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
  5. Asmarandhana, menika nggambaraken nalika manungsa nggadhahi raos tresna dhumateng tiyang sanes. 8a, 8i, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a
  6. Gambuh, menika nggambaraken nalika manungsa sambuh jumbuh kaliyan pasanganipun 7u, 10u, 12i, 8u, 8o
  7. Dhandhanggula, menika nggambaraken nalika manungsa ngraosaken manising gesang.10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a
  8. Dhurma, menika nggambaraken nalika manungsa ndharmakaken gesangipun kangge tiyang sanes. 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i
  9. Pangkur, menika nggambaraken nalika manungsa nebihi hawa nafsu dunya. 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
  10. Megatruh, menika nggambaraken nalika manungsa sampun pisah kaliyan ruh. 12u, 8i, 8u, 8i, 8o
  11. Pocung, menika nggambaraken nalika manungsa sampun wonten ing ngalam kubur. 12u, 6a, 8i, 12a

Tidak ada komentar:

Posting Komentar