MACAPAT
Sekar macapat inggih menika salah satunggaling sekar alit ingkang nggadhahi aturan ingkang sampun gumathok inggih menika guru gatra, guru wilangan lan guru lagu. ANggen damel macapat kedah ngatosaken pathokanipun, inggih menika guru gatra, guru wilangan saha guru lagu.
- Guru gatra, inggih menika cacahing larik saben setunggal pada
- Guru wilangan, inggih menika cacahing wanda saben saklarik
- Guru lagu, inggih menika tibaning swara saben sakgatra.
Jinising macapat:
1. Maskumambang
Nggambaraken jabang bayi nalika taksih wonten ing kandhutanipun ibu, ingkang dereng kawruhan jaler menapa estri, (mas ateges dereng mangertos jaler menapa estri, kumambang ateges gesangipun ngambang wonten ing kandhutanipun ibunipun. Maskumambang nggadhahi pathokan guru gatra : 4, guru wilangan, lan guru lagunipun : 12i, 6a, 8i, 8a
2. Mijil
Ateges sampun lair saha sampun cetha kakun menapa dene estri. Pathoanipun sekar mijil inggih menika guru gatranipun 6, guru wilangan lan guru lagunipun : 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u
3. Sinom
Ateges kaneman, minangka kalodhangan ingkang paling wigatos kangge tiang anem supados saged ngangsu kawruh sakathah-kathahipun. Pathokanipun inggih menika guru gatra : 9, guru wilangan lan guru lagunipun : 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
4. Kinanthi
Saking tembung kanthi utawi nuntun ingkang ateges dituntun supados saged mlampah ngambah panguripan ing alam donya. Pathoaning sekar kinanthi inggih menika guru gatranipun 6, guru wilangan lan guru lagunipun : 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
5. Asmarandana
Ateges rasa tresna dhumateng tiyang sanes (kakung dhumateng estri lan kosok wangsulipun) ingkang sedaya wau sampun dados kodrat ilahi. Pathokanipun sekar asmarandana menika guru gatra 7, guru wilangan lan guru gatranipun 8a, 8i, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a
6. Gambuh
Saking tembung jumbuh/sarujuk kang ateges menawi sampun jumbuh/sarujuk lajeng dipun gathukaken ing antawisipun kakung kaliyan estri ingkang sami nggahahi raos tresna kala mau, ing pangangkah supados sageda gesang sesarengan. Pathokanipun guru gatra : 5, guru wilangan lan guru lagunipun : 7u, 10u, 12i, 8u, 8o
7. Dhandhanggula
Nggambaraken gesangipun tiyang ingkang saweg seneng-senengipun, menapa ingkang dipungayuh saged kasembadan. Kelampahan gadhah sisihan/garwa, gadhah putra, gesang ingkang cekap kangge sakaluwarga. Pathokaning sekar : 10 (10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a)
8. Durma
Saking tembung darma/weweh. Tiyang menawi sampun rumaos cekap gesangipun, lajeng tuwuh saking raos welas asih dhumateng kadang mitra sanesipun ingkang saweg nandang kaantrakan, mila lajeng tuwuh raos kepengin darma/weweh dhumateng sesami. Sedaya wau dipunsengkuyung ugi saking piwulangipun agama saha watek sosialipun manungsa. Pathokaning sekar : 7 (12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i).
9. Pangkur
Saking tembung mungkur ingkang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Ingkang dipunpikir tansah kepingin wèwèh dhumateng sesami. Pathokaning sekar: 7 (8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i)
10. Megatruh
Saking tembung megat roh utawa pegat rohipun / nyawanipun, awit sampun titi wancinipun katimbalan marak sowan dhumateng Ingkang Maha Kuwasa. Pathokaning sekar: 5 (12u, 8i, 8u, 8i, 8o).
11. Pocung
Menawi sampun dados layon / mayit lajeng dipunbungkus mori pethak utawi dipunpocong saderengipun dipunkubur. Pathokaning sekar: 4 (12u, 6a, 8i, 12a).
Tidak ada komentar:
Posting Komentar