Rabu, 21 September 2011

Semar

SEMAR 

Semar menika putranipun Sang Hyang Wenang (Sang Hyang Tunggal) kaliyan Dewi Wiranti. Sedherekipun Semar wonten kalih inggih menika Sang Hyang Antaga (Togog) kaliyan Sang Hyang Manikmaya (Bathara Guru).
Sedherek tiga menika dumados saking cahya pethak kados dene tigan. Kulitipun dados Antaga, pethakipun dados Ismaya (Semar), dene kuningipun dados Manikmaya. Nalika Semar manggen wonten ing kahyangan kanthi asma Sang Hyang Ismaya.
Sesebatan Semar sanesipun inggih menika Ki Lurah Badranaya, Nayantaka, Janggan Asmarasanta, Bogajati, Boga Sampir mapan ing karang kedhempel. Sederengipun dados semar, wujudipun Bathara Ismaya ingkan bagus pasuryanipun lan mapan wonten ing kahyangan. Nanging lajeng dados Semar ingkang cendhek, blendhung padharanipun, saha rembes socanipun.
Cariosipun makaten :
Sedherek tiga inggih menika Antaga, Ismaya kaliyan Manikmaya ndherek sayembara. Sinten ingkang saged ngulu jagad bakal dados ratuning kahyangan. Ingkang sepisan Antaga nyobi, mboten saged, malah suwek lathinipun lajeng gantos wujud dados Togog ingkang wiyar lathinipun. Kaping kalihipun semar, semar saged ngulu jagad, nanging mboten saged ngedalaken, mila padharanipun dados ageng. Ingkang saged namung Manikmaya, mila lajeng dipunangkat dados ratuning Dewa ing kahyangan kanthi jejuluk Bathara Guru.
          Dening Sang Hyang Wenang, Ismaya kedhawuhan mandhap ing ngarcapada, donyaning manungsa dados pamomongipun para satriya, kalebet leluhuripun Pandhawa saputra wayahipun. Semar kagungan putra tiga inggih menika Gareng, Petruk lan Bagong. Lajeng piyantun sekawan menika dipunasmani Panakawan utawi Punakawan (pana : ngerti, kawan : kanca).
          Semar tansah paring wewarah dhumateng bendara ingkang saweg susah manahipun. Negari ingkang kenging pageblug, karawuhan Semar dados tentrem, ayem lan mulya. Tumrap para satriya Pandhawa, semar dipunanggep pepundhene dewa ngejawantah, saged mangertos utawi sumerep saderengipun perkawis dumados wonten ing donya.
          Senajan ala wujudipun, Semar kagungan bebuden ingkang luhur, tata kramanipun ganep, sabar, mboten nate duka, tresna asih dhumateng sesaminipun saha wicaksana. Menawi saweg duka, mboten wonten dewa ingkang saged nandhingi kejawi Sang Hyang Wenang.
Dene nalika Bathara Manikmaya dados panguwasaning jagad, Manikmaya lajeng gadhah watak adigang, adigung, adiguna, remen mameraken pasuryanipun ingkang bagus lan kasektenipun. Piyambakipun rumaos sampurna tanpa cacad. Sang Hyang Tunggal priksa tumindakipun Manikmaya lajeng duka, lajeng paring sabda cacad badanipun supados Manikmaya mboten rumaos sampurna lan kumalungkung. Sanalika Manikmaya dados cacad, tenggakipun belang, lumpuh ampeyanipun, mawi siyung, cacahing asta wonten sekawan. Amargi lumpuh, mula saben tindak-tindak nitih lembu Andhini.
(Jatirahayu, 2002.Mutyara Rinonce,
Budi Pekerti Ing Pewayangan)

Budi Pekerti :
1.         Mboten pareng mbiji manungsa saking blegering awak, nanging saking tumindakipun tiyang ingkang becik pasuryanipun dereng mesthi luhur bebudenipun.
2.         Manungsa kedah saged nampi pepesthening/takdiring Gusti.
3.         Mboten pareng nggadhahi sifat adigang, adigung, adiguna, amargi mesthi bakal cilaka.
4.         Mboten wonteng manungsa ingkang sampurna, mula mboten pareng nganggep dhiri ingkang paling sampurna.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar