Senin, 26 September 2011

Tuladha Atur Pasrah Penganten kakung

Assalamualaikum wa rahmatullahi wa barakatuh
nuwun, kula nuwun

Para rawuh kakung sumawana putri ingkang minulya, nyuwun agunging pangaksami dene kula nilaraken subasita, ngadeg wonten ing ngarsa panjenengan Bapak Ibu Tri Raharjo minangka sesulih saking Bapak Ibu Surya Atmaja sakaliyan.
Sakderengipun ngaturaken babaripun sedaya, langkung rumiyin keparenga kula sung puji sukur wonten Ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung, ingkang sampun kersa paring kaberkahan dhumateng kita sedaya.
Samangke keparenga kula matur wonten ngarsanipun Bapak Ibu Tri Raharjo ingkang dahat kinurmatan. Ingkang angka sepisan , sowan kula nyendikani dhawuhipun Bapak Ibu Surya Atmaja kinen ngaturaken salam ta'limipun katur Bapak Ibu Tri Raharjo sakaliyan.
Angka kalih supados masrahaken penganten kakung pun nak mas Gunawan Wibisana sumangga kula aturaken wonten ngarsa panjenengan sekaliyan.
Bapak saha IbuSura Atmaja ugi ngaturaken sanget agunging panuwun dene panjenenganipun sampung kepareng minangkani panyuwunipun inggih menika ndhaupaken nak mas Gunawan WIbisana kaliyan nak ajeng Ratna Kinanthi miturut satataning agami.
Saklajengipun mangga anggen hangula wantah saha paring piwucal, rehning nakmas Gunawan Wibisana menika prasasat taksih kothong seserepanipun ing reh bebrayan.
Ingkang bengkong mangga kula aturaken nglempengaken ingkang lepat kula aturi ngleresaken. Wasana saged maujud kulawarga ingkang sakinah mawadah warahmah kanthi linambaran taqwallah.
Ingkang angka tiga, awujud panyuwun saha pamuji mugi-mugi kanthi dhaupipun putra kekalih menika saestu sageda kinarya sarana saya sipeketing kekadangan ing antawisipun kulawarga kekalih.
Mugi-mugi Allah SWT hangijabahi sedaya panyuwun kita
Amin Amin Ya Rabalalamin

Puput pepuntoning atur kula, mbok bilih anggen kula matur kirang anuju prana kula nyuwun agenging panuwun.
Maturnuwun
Akhiru Khalam
Wassalamualaikum wa rahmatullahi wa barakatuh.
Wekdal kula aturaken dhumateng pranata titi laksana.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar